Pages

08/02/14

Pidato

PIDATO  KETUA RW ING ACARA HALAL BIHALAL

Assalamualaikum wr.wb

Bapak Ketua RT ingkag kinurmatan
Para sesepuh ingkang minulya
Ugi para warga ingkang kula tresnani

         Saderengipun kula ngaturaken pidato wonten ngarsa, sumangga kita sesarengan memuji lan atur syukur dhumateng Gusti Allah kang maha Agung, amargi kalian rahmatipun, kula panjenegan sedaya saget rawuh dhateng acara hala bihalal ingkang keadaan sehat walafiat.
baca selengkapnya

         Para rawuh ingkang dimulyaaken Gusti Allah SWT, kula kalian kaluwarga RW 01 ngaturaken sedaya lepat menawi satunggalipun tahun punika wonten tutur basa ingkang kirang subasita, kalian kula pribadi ngaturaken minal aidzin walfaidzin, mugi-mugi ibadah kita sedaya saget ditampi lan dimulyaaken Gusti Allah.

         Mugi-mugi kula panjenengan sedaya taksih dipunparingi kesempatan saenggo saget mirsani wulan ramadhan taun ngajeng.
Acara halal bihalal niki diadakaken , supaya kula panjenengan sedaya  hubungan silahturahminipun becik. 

         Setunggal wulan kita nglaksanakaken ibadah siam ramadhan, nahan dhahar kalian hawa nafsu, wektu subuh ngantos maghrib. Saliyanipun niku kula panjenengan sedaya mbayar zakat fitrah wujudipun beras 2,5 Kg, zakat fitrah niku hukumipun wajib bagi umat islam ing wulan ramadhan.

         Cekap semanten atur kawula, menawi wonten pitutur ingkang kirang penak dhumateng para rawuh sedaya kula ugi ngapunten ingkang kathah. Matur nuwun.

Wassalamualaikum wr.wb


0 kritik dan saran:

Posting Komentar